KHUTBAH BAHASA JAWA ; KEUTAMAAN ISTIQOMAH

 

 أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْقَدِيْرِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ (فصلت: ٣٠)

Ma’asyiral Muslimin jama'ah Jum'at rahimakumullah,

            Ing dalem kesempatan meniko Kulo Bade ajak-ajak pribadi Kawulo lan panjenengan sedoyo untuk selalu berusaha meningkatkan kualitas keimanan lan ketakwaan kito dumateng Allah subhanahu wa ta’ala dengan cara ngelampahi sedoyo kewajiban lan nebihake awak Kito saking sedoyo perkawis kang dipun haramake dengan ihlas, sabar lan istiqomah.


Ma’asyiral Muslimin jama'ah Jum'at rahimakumullah,

            Kang dipun maksud kelawan Istiqamah adalah luzum tha’atillah: konsisten ing dalem ketaatan lan kepatuhan dumateng Allah ta’ala. Tiyang kang istiqamah adalah tiyang kang senantiasa konsisten taat dumateng Allah, ngelampahi segenap kewajiban lan ninggalaken berbagai perkawis haram. Tiyang kang berhasil istiqamah ing dalam kataatan dumateng Allah, mongko bakal manggon ten surganipun Allah SWT, ing ahirat. Allah ta’ala dawuh:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ (فصلت: ٣٠)

“Setuhune wong akeh kang Podo ngucap, ‘Allah pengeran kito’, banjur Podo istiqamah, mongko malaikat Bade mudun kepada mereka dengan mengatakan, ‘ojo Podo Wedi lan ojo sedih, lan aweho kabar gembira kepada mereka dengan surga kang telah dijanjikan Allah kepadamu’,”  (QS Fushshilat: 30).

            Allah ugi merintahake kanjeng Nabi Muhammad SAW untuk beristiqomah :

فَلِذَلِكَ فَادْعُ وَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَهُمْ  (الشورى: ١٥

“Mongko kerono iki, ngajak-ajak o siro (marang agama iki) lan istiqamahlah koyo kang diperintahno marang siro, lan ojo manut/mengikuti hawa nafsu mereka"   (QS asy-Syura: 15)

Ma’asyiral Muslimin jama'ah Jum'at rahimakumullah,

            Perkawis istiqomah kang paling asal, atawin kang paling pokok. Adalah istiqomahipun manah, istiqomahipun ati. Menawi ati saget istiqomah, pasti anggota tubuh kang sak lintune saget tumut istiqomah. Ati dipun ibarataken kados rojo sedangkan anggota tubuh kang lintu kados bolo tentara. Menawi rojo sae, bolo tentara lan rakyat ugi nggih tumut sae.

            Istiqomah selajengipun kang kedah dijagi inggih meniko istiqomahipun lisan, keranten lisan adalah penerjemah hati lan juru bicaranipun. Nabi Muhammad SAW dawuh, kang dipun riwayataken Imam Ahmad :

لا يستقيم إيمان عبد حتى يستقيم قلبه، ولا يستقيم قلبه حتى يستقيم لسانه

“Ora iso jejek, istiqomah imane suwijine kawulo, sehinggo iso istiqomah atine. Lan ora istiqomah atine wong sehinggo istiqomah lisane”

 

Ma’asyiral Muslimin jama'ah Jum'at rahimakumullah,

            istiqamah adalah suatu keniscayaan kangge setiap individu saking sebuah komunitas, umat atawin bangsa, lebih-lebih kangge poro pemimpin. Pemimpin ing dalem skala kecil atawin sekala besar. Pemimpin ing dalem lingkup kang luas atawin ing dalem unit kang paling alit. Baik pemimpin suatu negara, pemimpin suatu daerah, pemimpin suatu unit, suatu perusahaan, sampai pemimpin rumah tangga.

Imam Rifa’i nate dawuh:

 اِسْتَقِمْ بِنَفْسِكَ يَسْتَقِمْ بِهَا غَيْرُكَ، كَيْفَ يَكُوْنُ الظِّلُّ مُسْتَقِيْمًا وَالْعُوْدُ أَعْوَجُ

“Istiqamaho awakmu, mongko wong lio bakal milu istiqomah kerono awakmu, hale koyo opo, ono ayang-ayang sijine benda saget bisa lurus, menawi bendane dewe wis bengkok?”

            Keranten meniko menawi kito mendambakan anggadahi yugo kang istiqomah iman lan ibadahipun, kedah dipun mulai saking istiqomahipun kito piyambak sebagai tiyang sepah, sebagai pemimpin rumah tangga. Lan kados mekaten praktekipun ing dalem struktur masyarakat kang lebih luas.

Ma’asyiral Muslimin jama'ah Jum'at rahimakumullah,

            Mekaten, perkawis istiqomah mboten perkawis kang gampil, kang mudah. Keranten meniko tiyang-tiyang kang saget istiqomah adalah tiyang-tiyang kang hebat. Tiyang-tiyang kang saget ngugemi iman dumateng Allah, ngelampahi perintah-perintahipun, nebihi awisan-awisanipun adalah golongan orang-orang hebat.

            Menawi kito dereng saget termasuk golongan tiyang meniko, tasik dereng saget ajeg lan jejeg ngelampahi perintahipun Allah, terkadang tasik mboten kiat melawan godaan hawa nafsu, sehinggo terjerumus ing dalem kemaksiatan. Monggo kito sami-sami istighfar, nyuwun ngapuro dumateng Allah. Lan monggo kito sami ndugo marang Allah, kelawan ndungo kang dipun panjataken imam Hasan Al Basri :

اللهم أَنْتَ رَبُّنَا فَارْزُقْنَا الْاسْتِقَامَةَ

“ya Allah, njenengan pengeran kawulo, mongko mugi paring tuan ing kulo istiqomah”

Mekaten khutbah meniko, Mugi Kito sedoyo saget mengambil hikmah lan manfaat.

والاخير وما اقول الا كما قال نبي الله شعيب اذ قال :

إِنْ أُرِيدُ إِلَّا الْإِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُ ۚ وَمَا تَوْفِيقِي إِلَّا بِاللَّهِ ۚ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ أُنِيبُ

 

 بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar